Kamis, 29 Desember 2011

Resensi Mission Impossible: ghost protocol (ceritane ngono)

(blog bahasa Leluhur)

Mission Accomplished!! (pencet tombol deactivate rudal nuklir)...
 (jancookk timer e gak mandeg mandeg.. ) pencet terus mpek elek.. 
digepuk gepuk mbe ngomong "Mission Accomplished!!" Bolak balik..

Akhir nya,..
rudal e iso dipateni.. amerika selamat dari perang dengan Rusia..


 

iku cuplikan akhir film Mission Imposible: Ghost protocol..
haha.. nek iling dadi ngakak dewe.. =D
koyok wong gendeng ae ngomong Mission accomplished mbe mencet tombol deactivate tapi gak iso2..

beberapa jam sebelumnya...


“yank, ayok tak traktir mangan pop corn nang XXI”, jareku.. (hhe.. mari entuk saweran teko pak dosen.. rasane dhuwit ancen enk yo rek.. hhe )
“yeay.. ayok yank.”, =D jare ujub (seneng banget rupane ditrkatir) =) hhe.. berguna to aku dadi ujub e =D


Langsung meluncur nang lokasi layar tancep paling gede sak NewYorkyakarto..
(jancookk teko njobo wes ketok sing ngantri dowo banget..)



kiro kiro koyo ngene yo gambar e.. (ambil dari blog orang) (ada alamatnya di potonya) (nuwun sewu mas e)


“walah yank, dowo banget antriane.. sido gak iki?”, takonku
“coba duluu..”
“oke oke..”

Set set set.. parkir..ublem bioskop.. antri nang mburi dewe

Cuookk.. dowonee iki antrine.. XXI wes koyok mandala ae (bioskop nang malang) ono calone gak yo ndek kene? Hhhe

Iki karepe ate nonton Sherlock Holmes.. jarene konco konco apik tapi yo ngono ancen, antrine gak benjedd.. (bahasa geol iku.. “banget” maksude)

Pas antri iku, aku bolak balik meso, wes kebelet nguyuh, kebelet mangan (luwe).. eh ono sing tuku tiket wes nang ngarep e sing dodol, malah telpon telpon takon ate tuku opo.. (guatheell) onoo barang sing tuku nt ngannggo konsultasi nang mbak e.. suwe cookk.. koyo skripsi ae rek nganggo konsultasi pisan.. (meso meso tok wes awak..)
Eh.. iku kok koyok e aku ndelok mbak mbak XXI e ngangkat ngangkat tulisan “tiket Sherlock Holmes hari ini sdah habis”.. jancokkk.. wes meh entek ikii..
Ya Awohh.. ojok entek seekk... nonton opo aku engkok?? Mosok hepi fitt.. lha lak kentang ayas..
Nasib yo nasib ancen.. durung rejeki ketemu Sherlock.. akhir e entek tenanan..
Meso meso wes.. segala macam perbuatan tak senonoh, bagian bagian tubuh,, nama nama hewan.. metu wes.. juancookk.. gathell.. asuuu.. kethekk.. iku goro goro ono sing telpon mbe konsultasi iku.. dadi aku gak entuk tiket e.. (nyalahno wong malahan.. --“) (sesuk tak borong iku tiket e ket isuk.. tak tuku sekalian XXI e!!)

Akhir e di rih rih mbe Ujub.. “udah gapapaa.. nonton MI aja.. bagus juga koq itu.. cup cup cup cupp..”
Aku tetep ae dongkol.. yo wes lah nonton MI Ae..

Mari entuk tiket.. nguyuh sek.. terus mangan.. nang JogC*ik.. ngobrol ngobrol ngenteni jam 5.. (film e jam 5 sprapat) teru solat.. mlebu XXI..

Tuku popcorn mbe ombe.. ngenteni dilut terus mlebu bioskop..

Lek ceritone jagoan jagoan Amerika iku yo ngono ngono iku wes.. tembak tembak an.. misi yang tak masukk akal.. alat alat canggih.. msok agen elpiji (agen rahasia goblogg!!) AS dikongkon mlebu Kremlin (istana e presiden Rusia lek gak salah) gae nyolong alat lan uborampe ne sekalian sing iso gae ngeluncurno nuklir nang amerika.. solae alat-alat iki mau wes diincer karo ilmuwan gendeng sing berteori nek perdamaian iku iso tercipta mari ono perang super gede macam perang nuklir ngono.. lha lak edan to!! (wong pinter banget suwe suwe dadi edann!! Makane ojok pinter (malah sesat dewe aku) hhe.. )

Yo set set set pokok e tom cruise dikongkon nyelametno amerika lah intine.. carane yo ngrebut alat2 e iku tekok penjahat e..

Intine.. kiss kiss bang bang.. mbois lop wes eksyen e!! Deg deg an ket mburi sampek awal..

Nonton o rek.. apik apik.. wes ta lah..
(mpe lali mau ate nonton sherlockk.. cookk sherlock cokkk!! Pengen nonton ikuu!!)

Sing apik jareku duduk isine iku.. (biasa lah amerika.. high tech..) tapi ending e..
Ternyata si tom cruise iku duwe bojo, tapi bojone dianggep mati ben aman.. soale nek karo tom cruise terus iso iso bojone melu dipateni teroris.. dadi yo tom cruise karo bojone gak iso bareng bareng ngono gae keslametane bojone iku.. (kebaikan bersama jare.. ) (huhuu T.T saknoee..) loro karone podo ikhlas.. podo podo ngertilah gaeane dewe dewe..) kesane, ndelok teko adoh tok ae wes seneng.. (huhuuuhuhuuuu.. T.T so sweet banget ikuu.. )

coba bayangno kown rek.. ambe ujubmu ngono wes seneng banget.. eh ternyata kudu pisah masio awakmu loro karo sek podo seneng e.. kown loro kudu pisah ben iso luwih bahagia? (iso podo urip lah) (kecuali kown ancen pingin mati bareng pas iku)
pastine sing mbok rasakno disik ngkok iku pisah e, dudu lebih bahagiane  (percoyo wes aku..) 

nek jare kahlil gibran "janganlah engkau bersedih setika harus berpisah dengan cintamu, sebagaimana gunung, dia akan terlihat lebih agung ketika kau melihatnya dari jauh." (nek gak salah ngono jarene)



mpe nangis nang pundak e ujub.. (aku sing lanang koq malah aku sing nangis.. --“) (gapopo.. iku romantis jenenge.. =p)
“cup cup cupp..”, jare ujub.. “ayank koq mlah nangisss..?”
“kaciann yangg tom cruise sama istrinya.. huhuu.. co cweett banget ya yank yaa..”
Hufft.. akhir e film e mari.. metu bioskop.. 
eh..
back sound e lagu MLTR-i’m gonna be around
Huhuuu..





*(terus mulih ngeterno ujub disik nang taman sari.. eh nang sayidan kudanan deres banget.. ngiyup sekk.. (ancok udan.. ))

Tidak ada komentar: